Contoh cerpen bahasa jawa
Kleru Maca
Dina minggu esuk aku dijak menyang resepsine kancane
budheku. Aku dijak mrono marga didhawuhi nyetir mobile budhe, jalaran Pakpuh
durung patiya lanyah netir dhewe. Dene putra-putrane wis padha kuliyah ing
kabupaten liya.
Aku didhawuhi yen resepsine ing gedung sasana praja. Aku ya
gege ngeblas menyang gedung ing tengah kutha kuwi. Sawise markir kendaraan,
banjur mlebu menyang njero gedhung. Nanging ana sing aeng ing sajroning tindak
tandukke budhe lan Pakpuh. Yen biasane sumeh lan sumanak, dina iki katon luwih
amem. Mung mesem, sing eseme kuwi sajak ora tekan penggalih. Dene aku ya ming
ngintili wae ing mburine. Yen wayahe mangan yo mangan, yen wayahe pamit, uga
melu pamit.
Sawise tekan njaba, budhe ngendika marang Pakpuh.
“Pak ketoke dewe mau kleru mlebu to?”
“Coba didheleng maneh undhangane.”
“Masya allah, ing undhanag iki tulisane sasana krida pak,
dudu sasana praja.”
“Lhadalah..... tenan to kleru maca, wong aku yo ora ono sing
kenal. Yen kancamu dhewe lak yo sithik-sithik ono sing kenal. Gek kowe mau
ngamplop piro buk?”Pakpuh sajak kisinan campur getun.
“Satus ewu pak. Tak kiro yen sasana praja pak, wong biasane
yen mantenan ono kene. Dudu sasana krida.”
Banjur aku didhawuhi langsung ngeblas ing gedhung sasana
krida.aku mung cengar-cengir. Lumayan oleh mangan pindho. Nanging opo yo tumon,
wong kleru maca kok nganti kleru anggone mlebu gedhung resepsi.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar