Contoh Pidato Bahasa Jawa
Pidato perpisahan sekolah
Assalamu'alaikum wr. Wb
Ingkang kinurmatan Bapak Kepala
Sekolah ugi Bapak - Ibu Guru ingkang satuhu luhuring budi lan rencang - rencang
kelas 9 ingkang kula tresnani.
Monggo kito sedaya ngaturaken
puji syukur dhumateng Gusti ingkang maha Agung ingkang sampun maringaken sedoyo
nikmat lan kewarasan dateng kito sedoyo dumugi sakmeniko kito sedaya saged
kempal wonten ing adicara perpisahan sak manika.
Kula, wakil saking rencang -
rencang kelas 9 ngaturaken maturnuwun ingkang sak ageng-agengipun kagem Bapak /
Ibu Guru ingkang sampun mbulawantah kulo lan sak konco-konco dateng pawiyatan
menika ingkang dangunipun tigang warsa.
Mboten keraos kolo lan rencang
sebrayat sampun ngelampahi ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan mriki. Wonten
ing adicara menika, kulo kiyambak tuhu rencang - rencang nyuwun agenging
pangapunten sangking Bapak / Ibu guru amargi wonten ing tigang warso ngangsu
kawruh wonten pawiyatan mriki kulo lan sak rencang mebo menawi gadhah kalepatan
ingkang dipun sengojo lan mboten disengojo. Mugi - mugi Bapak / Ibu guru kerso
ngapuntenaken sedoyo kelepatan kulo lan rencang - rencang.
Satuhunipun kulo lan sak konco
awrat sanget badhe nilaraken pawiyatan menika amargi sedoyo ingkang wonten
dateng mriko sampun kados sederek lan kaluargo. Namung amargi kulo lan rencang
- rencang kedah nglanjutaken ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan ingkang luwih
inggil, kulo lan rencang - rencang kedah saget dening ikhlas nilaraken
pawiyatan menika.
Kadosipun sampun cekap anggenipun
kulo matur. Bilih menawi wonten kalepatan kulo nyuwun agenging pangapunten.
Wasslamu'alaikum wr. wb
Assalamualaikum wr.wb
Dhumateng Ibu Kepala SMP N 5 MAGELANG
ingkang kinurmatan
Dhumateng ketua komite sekolah, Bapak / ibu
guru sarta staf TU SMP N 5 AMAGELANG ingkang kulo hormati
Dhumateng Bapak / Ibu wali murid kelas 9
ingkang tansah kulo hormati ugi
Sarta para kanca kelas 9 lan adik-adik
kelas ingkang kulo banggakakaken
Ingkang
sepindah monggo kita sedaya unjukaken puji lan syukur dhumateng Allah Swt.
ingkang sampun paring karahmatan, nikmat sarta kesarasan, sahingga kulo lan
panjenengan sedoyo waget rawuh wonten ing acara perpisahan kelas 9 kanti wilujeng
mboten wonten alangan satunggaling punapa, pramila monggo kita ucapaken
alhamdulillah.
Para
rawuh ingkang kulo hormati, mboten kraos kulo sakanca bade ninggalaken sekolah
puniko, saksampunipun kelampah tigang tahun kulo belajar wonten ing pawiyatan mriki. Kulo sakanca kelas 9
ngaturaken agunging panuwun dhumatheng Bapak saha Ibu guru ingkang sampun kersa
mbimbing dhumateng kita, atas jerih payahipun Bapak saha Ibu guru sahingga kita
waget dados lare ingkang cerdas, tanpa
jerih payahipun Bapak saha Ibu guru, kita mboten waget ngrampungaken soal-soal
ujian kanti lancar.
Ngaturaken agunging
panuwun ugi, dhumatheng Bapak saha Ibu kulo ingkang sampun mbimbing sarta
ngragati dhumateng kita. Atas jerih payah saha kerja keras , sahingga kita
sedoyo waget sinau wonten SMP N 5 MAGELANG. Ngaturaken agunging panuwun
dhumateng para kanca-kanca kelas 9 saha adik-adik kelas 7 lan 8 ingkang sampun ngancani
kita belajar wonten ing sekolah meniko. Berkah doa’ lan dukunganipun
panjenengan kito waget gumreget anggenipun nglampahi ujian.
Kulo makili
kanca-kanca kelas 9 nyuwun doa’ restunipun panjenengan sedoyo supados hasil
ujian kita maremaken lan kula ugi nyuwun doa’ lan restunipun waget nerasaken
wonten sekolah ingkang kita kajengaken. Saklaminipun kita wonten ing mriki kula
raosaken remen sanget waget nampi ilmu lan ugi kanca ingkang manfaat. Kula
sampun cekap pikantuk fasilitas ingkang sae. Ananging langgkung sae kangge
nambah fasilitas ingkang langgkung sae.
Ingkang pungkasan
kulo dados wakil kelas 9 nyueun agunging pangapunten ingkang kathah. Mekaten
lan semanten ingkang dados pamatur kulo, kirang saha langkungipun nyuwun
pangapuntan.
Wassalamualaikum
wr.wb
Tidak ada komentar:
Posting Komentar